Ibu, sing wis nuntun uripku
Sing nresnani aku
Saking suku tekane rambutku
Ibu, sing wis nuntun uripku
Sing nresnani aku
Saking suku tekane rambutku
Ibu, ora kendat dongaku
Aku ra lali wektu
Terus yen iseh ono nyawaku
Tak iling tresno lan ngendikamu
Sing gawe tentrem batinku
Ibu, beninge tuyo wudhu
Seng ngademke atiku
Saben iling kabeh ngendikamu
Ibu ora lali nyuwunku
Impenono aku
senajan sedelo jroning kangenku
Oh ibu, wes kepenak panggonmu
Sedoyo mung nenggo wektu
Neng tangan-tanganku
Tak gegem welingmu
Tak ugemi nganti seprene ora lali
Saben wayah wengi
Soyo cetho ngendikamu
Ngelingake pungkasan ketemu ibu